Soal Ulangan Semester 1 Bahasa Jawa Kelas XII 2011

Senin, 02 Desember 2013 | komentar

A. Pitakènan ing ngandhap menika kawangsulana kanthi milih a, b, c, d, utawi e minangka wangsulan ingkang leres wonten ing lembar jawab ingkang sampun kasumadyakaken!

Wacan menika kangge pitakenan nomer 1-2

Tiyang ingkang sami wawan rembag kaliyan tiyang sanès temtu ngginakaken basa ingkang saé lan leres. Saé amargi laras kaliyan kawontenan, leres amargi laras kaliyan paugeran. Basa saé kagem srawung ing padintenan inggih menika basa ingkang sekéca dipunpirengaken awit laras kaliyan adat basa padintenanipun masyarakat. Basa saé menika saged dipuntingali saking tembung lan ukara ingkang prasaja. Tembung prasaja liripun inggih tembung ingkang kulinten dipunginakaken ing masyarakat. Déné ukara prasaja liripun inggih ukara ingkang cekak aos, mboten nggladrah mèncèng saking ancas pangandikan.

(Kawuryan XII)

 

1. Miturut andharan ing nginggil, ingkang dipunwastani basa ingkang leres inggih menika....

a. basa ingkang mboten ngladrah

b. basa ingkang prasaja tembungipun

c. basa ingkang jumbuh kaliyan kawontenan

d. basa ingkang laras kaliyan paugeran paramasastra

e. basa ingkang kulinten dipunginakaken ing masarakat

 

2. Basa saé menika saged dipuntingali saking tembung, ukara ingkang prasaja. Miterat pratèlan ing nginggil, ingkang sinebat ukara prasaja inggih menika....

a. ukara ingkang kontekstual

b. ukara ingkang cekak aos, mboten nggladrah

c. ukara ingkang ngemot tembung-tembung rinengga

d. ukara ingkang awis-awis dipunginakaken wonten ing masarakat

e. ukara ingkang boten namung migunakaken tembung-tembung wantah

 

3. Paugeran-paugeran ingkang kedah dipungatosaken déning pamedharsabda menawi badhé majeng sesorah inggih menika....

a. panutur, pamireng, ancas pangandikan, papan pangandikan, urutan tutur

b. panutur, ancas pangandikan, papan pangandikan, urutan tutur, wiraga

c. panutur, pamireng, ancas pangandikan, papan pangandikan, wicara

d. panutur, pamireng, urutan tutur, ancas pangandikan, acara, wirama

e. panutur, pamireng, ancas pangandikan, urutan tutur, adicara, sabda

 

4. Ing salabetipun kula ngaturaken ular-ular menika kala wau, menawi wonten tindak-tanduk, suba sita, utawi tata-krama ingkang boten mranani ing penggalih para lenggah, kula tansah nyenyadhong lumintuning sih pangaksama.

Wassalamu’alaikum, wr.wb. Nuwun.

Pratèlan ing nginggil menika tuladha atur….

a. pambagya

b. panuwun

c. panglipur

d. panutup

e. pasrah

 

5. Langkung rumiyin kula ngaturaken pangalembana konjuk Ngarsa Dalem Gusti ingkang sampun paring kanugrahan satemah ing siyang menika kula lan panjenengan sedaya saged angèstrèni pahargyan pawiwahan dhauping pengantèn, putra putrinipun Bp.... ingkang asesilih.... dhaup kalian anakmas...., putra kakungipun bapak....

Pérangan sesorah ing nginggil menika kawastanan….

a. pamuji

b. panutup

c. purwaka

d. pakurmatan

e. wasana basa

 

Wacan menika kanggé pitakenan nomer 6-7

Panyandra Sowanipun Pengantèn Putri

Binarung swaraning pradangga munya hangrerangin ana ganda arum angambar katiyubing samirana manda, lah menika ta jejuwitaning pahargyan ing siyang menika, putra/ putrinipun Bapa Drs. Susetyo Adi Winata ingkang asesilih Rara Endang Setyawati, S. Pd. mijil saking panti wisma palereman tumuju ing sasana pinajang.

(Kawuryan XII)

 

6. Binarung swaraning pradangga munya hangrerangin ana ganda arum angambar katiyubing samirana manda.

Miturut pethilan panyandra ing nginggil tembung binarung tegesipun....

a. dibarengi

b. nyawang

c. mireng

d. krungu

e. nabuh

 

7. Mijil saking panti wisma palereman tumuju ing sasana pinajang.

Miturut andharan ing nginggil, tembung mijil tegesipun....

a. mlampah

b. tumuju

c. mlebet

d. tindak

e. medal

 

8. Ingkang kedah dipungatosaken nalikanipun sesorah inggih menika 4W. Ingkang boten kalebet 4 W inggih menika....

a. Wirama

b. Wicara

c. Wiraga

d. Wibawa

e. Wirasa

 

9. Pak Yahya : “Sapa jenengmu lan omahmu ngendi?”

Sari : “…kula Sari, déné…kula Ngemplak.”

Tembung ingkang trep kanggé njangkepi pacelathon ing nginggil, inggih menika....

a. Asma – dalem

b. Asma – griya

c. Nama – griya

d. Jeneng – dalem

e. Nama- dalem

 

10. Simbah lagi lara, mula ora lunga.

Ukara menika menawi kagantos mawi basa krama inggih menika....

a. Simbah saweg gerah, mila mboten tindak.

b. Simbah saweg gerah, mila mboten kesah.

c. Simbah nembe sakit, mila mboten kesah.

d. Simbah saweg sakit, mila mboten tindak.

e. Simbah lagi gerah, mula ora tindak.

 

 

11. Olin : “Budhé ana ing ndalem ora, Mas?”
Mas Ari : “…………………”

Wangsulanipun Mas Ari inggih menika….

a. Wonten Dhik, ibu nembe kondur saking dalemipun Bu Sum.

b. Wonten Dhik, ibu lagi kondur saka griyane Bu Sum.

c. Ana Dhik, ibu lagi mantuk saka griyane Bu Sum.

d. Ana Dhik, ibu lagi mulih saka omahe Bu Sum.

e. Ana Dhik, ibu lagi kondur saka daleme Bu Sum.

 

12. Nia : “Bu, Dhik Rani bibar dhahar lajeng saré.”

Ibu : “Ukaramu luput, karo adhiné kok dikramaké. Coba balènana kang bener!”

Nia : “………………………..”

a. Bu, Dhik Rani bibar nedha lajeng tilem.

b. Bu, Dhik Rani bibar maem lajeng tilem.

c. Bu, Dhik Rani bibar maem lajeng sare.

d. Bu, Dhik Rani bibar nedha lajeng turu.

e. Bu, Dhik Rani bibar dhahar lajeng tilem.

 

13. Sinta : “Bu, aku dicaosi arta Bapak.”

Ibu : “Ukaramu iku luput, coba benerna!”

Sinta : “…………………………..”

a. Bu, kula dipunparingi dhuwit bapak.

b. Bu, kula dipunparingi arta bapak.

c. Bu, kula diwenehi dhuwit bapak.

d. Bu, kula dipuncaosi arta bapak.

e. Bu, kula diaturi arta bapak.

 

14. Sirahé bapak kethuthuk wesi.

Ukara menika menawi kagantos mawi basa krama inggil inggih menika....

a. Endhasé bapak kethuthuk wesi.

b. Sirahipun bapak kethuthuk waja.

c. Mustakanipun bapak kethuthuk wesi.

d. Mustakanipun bapak kethuthuk waja.

e. Endhasipun bapak kethuthuk waja.

 

Wacan menika kanggé pitakenan nomer 15-17

Émané jaman saiki patrap lan pangucap kang dadi ciri mliginé unggah-ungguh wus arang katon jroning masyarakat. Salah sijiné amarga ora diwulangké manèh jroning lingkungan kulawarga. Bisa disawang, saiki akèh anak kang ora basa marang wong tuwa, ora ngajèni karo sedulur tuwa. Liwat ing ngarepé wong tuwa ya mlaku ndlujur waé, tanpa gelem ndhingkluk ngucap ndhèrèk langkung. Prakara wigati kang ora kena lali yaiku ngenani budaya éwuh pekèwuh, kang dadi ciri mliginé tata kramané wong Jawa. Rasa éwuh pekèwuh iku pancèn apik ditindakaké, nanging kudu empan papan. Émané, saiki malah akèh para generasi mudha kang kelangan rasa éwuh pekèwuhé. Sing mrihatinké manèh rasa éwuh pekèwuh mau banjur digawa mlayu menyang arah kang sipaté negatif, upamané, cara klamben lan cara omong kang ora duwé rasa pekèwuh blas.

(Kawuryan XII)

 

15. Ing ngandhap menika, ingkang boten kalebet maneka warna caranipun njagi lestantunipun basa Jawi inggih menika....

a. dipunginakaken wontening madyaning masarakat

b. dipundadosaken mata pelajaran muatan lokal

c. dipundadosaken minangka basa internasional

d. dipunajaraken dhateng putra wiwit alit

e. dipunsinau ing pawiyatan luhur

 

16. Menawi mlampah wonten ing ngajengipun tiyang mawi sikep ingkang saé. Sikep ingkang saé inggih menika....

a. mèndel kemawon

b. mlampah ndlujur mawon

c. mlampah kanthi polatan mèsem

d. ndhingkluk kanthi ngucap ndhèrèk langkung

e. mlampah kanthi polatan mbesengut, mrengut

 

17. Ing ngandhap menika budaya Jawa ingkang saé miturut andharan ing nginggil, inggih menika....

a. ajining raga dumunung saka panganggoné busana

b. ajining awak dumunung saka sakèhing tumindak

c. ajining dhiri dumunung saka kedaling lathi

d. ngono ya ngono nanging mbok aja ngono

e. rasa ewuh pekewuh kanthi empan papan

 

18. Busana manten gagrag Ngayogyakarta ingkang 5 (gangsal) werni inggih menika....

a. Paes Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Ngayogya Putri, Kasatriyan Ageng, Kasatriyan

b. Ngayogya Putri, Kasatriyan Alit, Kasatriyan Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Basahan

c. Kasatriyan Alit, Kasatriyan Ageng, Paes Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Ngayogya Putri

d. Kasatriyan Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Ngayogya Putri, Kasatriyan Alit, Paes Agung

e. Paes Ageng, Paes Ageng Jangan Menir, Ngayogya Putra-putri, Kasatriyan Ageng, Kasatriyan

 

19. clip_image002Busana pengantèn ing sisih tengen inggih menika....

a. Busana Penganten Kasatriyan

b. Busana Penganten Paes Ageng

c. Busana Penganten Ngayogya Putri

d. Busana Paes Ageng Jangan Menir

e. Busana Penganten Kasatriyan Ageng

 

20. Busana ingkang kaagem dening putra-putri dalem Sri Sultan ingkang badhe marak sowan Gubernur ing saben wulan Agustus sinebat busana....

a. Paès Ageng

b. Paès Kasatriyan

c. Paès Ngayogya Putri

d. Paès Kasatriyan Ageng

e. Paès Ageng Jangan Menir

 

21. Nalika jaman rumiyin, busana penganten ................... dipunginakaken kanggé upacara boyongan manten putri dhateng dalemipun manten kakung.

Busana mantèn ingkang leres kanggé njangkepi ukara ing nginggil inggih menika....

a. Paes Ageng utawi corak Kebesaran

b. Busana Kasatriyan Ageng

c. Paès Ageng Jangan Menir

d. Busana Ngayogya Putri

e. Busana Kasatriyan

 

22. Upacara kanggé nyuwun pangèstu dhumateng kangmas utawi mbakyunipun anggenipun ngrumiyini palakrama sinebat upacara....

a. Susuban

b. Sungkem

c. Brobosan

d. Tingkeban

e. Plangkahan

 

23. Calon pengantèn ngaras jengkunipun kakang/mbakyunipun dipunkanthèni niat ingkang tandhes. Tembung ngaras tegesipun....

a. ngelus-elus

b. ngambung

c. ndemok

d. ngambu

e. ngelap

 

24. Ing ngandhap menika ingkang kalebet ubarampé upacara plangkahan inggih menika....

a. tebu wulung, jenang baro-baro, jajan pasar, kembang sri taman

b. wajik, tumpeng, jajan pasar, tebu wulung, cengkir gadhing

c. jenang abang putih, tumpeng, wenang lawe, tebu wulung

d. cengkir gadhing, kembang telon, lan tumpeng robyong

e. pisang raja, kembang telon, wenang lawe lan tali asih

 

25. Pawiwahan jumeneng wonten ing jaman samenika sinebat....

a. Party

b. Prasmanan

c. Wedding kiss

d. Standing party

e. Piring terbang

 

26. Ingkang boten kalebet titikanipun upacara pawiwahan inggih menika....

a. tamu rawuh, salaman, dhahar

b. konduripun ngentosi upacara purna

c. tamu ngentosi upacara ngantos paripurna

d. ingkang rawuh kulawarga, sanak kadang, tangga tepalih

e. upacara dipuntindakaken ing dalemipun penganten putri

 

27. Ing ngandhap menika ingkang kalebet kesenian tradisional khas Kulon Progo inggih menika....

a. Angguk

b. Kethoprak

c. Sholawatan

d. Wayang Golèk

e. Beksan Lawung

 

28. Kesenian tradisional Jawa ingkang paraganipun ngginakaken piranti barongan, penthul, jaran kepang, pecut, pedhang, inggih menika....

a. Berjanjen

b. Kethoprak

c. Ngremo

d. Wayang

e. Jathilan

 

29. Seratan ingkang wujud gagasan, andharan satunggaling bab utawi pemanggih kanggé ngudhari perkawis sinebat....

a. Tajuk

b. Artikel

c. Fakta

d. Opini

e. Pawartos

 

Wacan menika kangge pitakenan nomer 30-31

Wis samesthine minangka wong kang urip ing alam donya kudu ngluru kebutuhan uripe. Kebutuhan lair lan batin bisa mlaku seimbang. Yen bisa nglakoni urip kanthi cara mengkono iku mau, nemokake ketentreman urip. Apa maneh yen gelem nyinau, ngaca wewarah luhur tinggalane nenek moyang kita “aja lali marang asale” kanggone bebrayan Jawa, wewarah iku asring kita rungu ing ngendi wae papan dalah ing kahanan apa wae. Dadiya wong kang aja pisan-pisan lali marang asale. Apa maneh wis dadi wong sugih, pinter, yen wis dadi sugih aja semugih semana uga dadi wong pinter aja banjur keminter. Kepinteran kang diduweni mung kanggo minteri liyan.

(Kawuryan XII)

 

30. Andharan ing nginggil jumbuh kaliyan unèn-unèn....

a. Becik ketitik ala ketara

b. Maju tatu mundur ajur

c. Ngono ya ngono ning aja ngono

d. Aja dumeh mundhak malah keweleh

e. Aja rumangsa bisa nanging bisoa rumangsa

 

31. Aja lali marang asalé.

Unèn-unèn menika ngemot teges....

a. tiyang kedah wantun dhateng bebener, ajrih dhateng kanisthan

b. dados tiyang kedah émut kaliyan sangkaning dumadi

c. dados tiyang kedah émut marang pitutur para luhur

d. dados tiyang kedah ngluru kabetahaning gesang

e. dados tiyang kedah ngudi katentremaning batos

 

32. Ingkang boten kalebet basa jurnalistik ingkang komunikatif inggih menika....

a. maknanipun lugas/mboten basa-basi

b. pilihan tembung trep

c. mentes, padhet

d. runtut

e. bebas

 

Wacan menika kangge pitakenan nomer 33-36

Wis sawetara wektu ing tengah masarakat tuwuh pakulinan anyar, yakuwi tawuran antarané murid sekolah karo murid sekolah liyané. Lan sing paling nyedhihaké antarané mahasiswa karo mahasiswa liyané. Kamangka mahasiswa mono minangka calon intelektual, calon pemimpin bangsa. Iku mau isa kagawa saka pakulinan ngrokok, ngombé ombenan alkohol, pengaruh narkoba. Kabeh mau njalari generasi mudha kerep tumindak kasar.

Pancèn prihatin yèn meruhi kahanan saiki. Suba sita kaya wis ilang, sipat gotong royong kaya wis dibuwang, asah-asih marang sapadhané saya tipis. Tundhoné yèn kahanan kaya ngono kuwi ora ana sing nggatekaké wiwit saiki, dijamin sepuluh taunan mbésuk masyarakat Indonesia bakal nyingkur marang aturan.

(Djaka Lodhang, Setu Legi 16 Oktober 2010 kaca: 4)

 

33. Ide pokok wacan ing nginggil inggih menika....

a. Pancèn ora prihatin yèn meruhi kahanan saiki.

b. Mahasiswa lan siswa minangka calon intelektual bangsa.

c. Ngombe ombenan alkohol, pengaruh narkoba njalari tawuran.

d. Tuwuh pakulinan kang anyar ana ing masarakat yakuwi tawuran.

e. Sepuluh taunan mbesuk masyarakat bakal nyingkur marang aturan.

 

34. Ing ngandhap menika ingkang sinebat prediksi inggih menika....

a. Keprihatinan meruhi kahanan sing kaya mangkené.

b. Suba sita wis ilang, sipat gotong royong wis dibuwang.

c. Sepuluh taunan mbesuk masyarakat Indonesia bakal nyingkur aturan.

d. Saiki akèh tawuran antarané siswa sekolah siji karo siswa sekolah liyané.

e. Kamangka mahasiswa mono minangka calon intelektual, calon pemimpin bangsa.

 

35. Wis sawetara wektu ing tengah masarakat tuwuh pakulinan anyar.

Tembung tuwuh tegesipun....

a. thukul

b. sipat ala

c. ngrembaka

d. metu saka ing

e. wiwit mbebayani

 

36. Dijamin sepuluh taunan mbesuk masyarakat Indonesia bakal nyingkur marang aturan. Tembung sanesipun nyingkur ingkang trep kaliyan wacan ing nginggil inggih menika....

a. wani

b. netepi

c. nrejang

d. ngugemi

e. gawe ala

 

37. Bab ingkang boten trep kaliyan suraosing wacana ing nginggil inggih menika....

a. Ngrokok, omben-omben miras, lan nganggo narkoba njalari tumindak kasar.

b. Sepuluh taunan mbésuk masyarakat Indonesia bakal netepi aturan.

c. Sipat suba sita wis ilang lan nilai gotong- royong dibuwang.

d. Murid lan mahasiswa minangka generasi penerus bangsa.

e. Generasi mudha kathah kang tumindak kasar.

 

Wacan menika kangge pitakenan nomer 38-41

clip_image003

 

38. Waosan ing nginggil kalebet serat….

a. Pawartos Lelayu

b. Layang Kitir

c. Iber – iber

d. Prajanjen

e. Ulem

 

39. Perangan satata basa inggih menika angka….

a. 1

b. 2

c. 3

d. 4

e. 5

 

40. Perangan angka 4 kawastanan….

a. Adangiyah

b. Surasa basa

c. Titimangsa

d. Satata basa

e. Wasana basa

 

41. Perangan angka 5 kawastanan….

a. Paprenahan

b. Adangiyah

c. Surasa basa

d. Satata basa

e. Wasana basa

 

42. Serat ingkang isinipun kabar sédanipun tiyang kawastanan....

a. Serat ulem

b. Serat kitir

c. Serat layu

d. Serat lelayu

e. Serat iber-iber

 

43. Serat ingkang isinipun cekak aos isi kabar saperlunipun kawastanan....

a. Serat iber-iber

b. Serat dhawuh

c. Serat kitir

d. Serat ulem

e. Serat lelayu

 

44. Ingkang damel serat gadhah pangajeng-ajeng, wangsulanipun, pandonganipun lan nyuwun pangapunten yen wonten kalepatan utawi kekiranganipun. Menika peranganipun serat iber-iber ingkang nama....

a. Peprenahan lan nama

b. Pengarep-arep

c. Salam panutup

d. Pambuka

e. Donga

 

45. Sembah sungkem pangabekti: tumrap tiyang sepuh, sesepuh ingkang kinurmatan/dipunaosi (diajeni), katrangan menika peranganing serat ingkang kawastanan....

a. Panutup

b. Pambuka

c. Peprenahan

d. Adangiyah

e. Pangarep-arep

 

B. Kawangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi jangkep!

1. Menapa ingkang kawastanan sesorah menika?

2. Kadamela pacelathon/dialog ingkang ngemot tata krama dhumateng tiyang sepuh, tema-nipun manasuka/bebas!

3. Menapa nilai positif lan negatif-ipun standing party wonten ing pawiwahan penganten?

4. Terangna tegesipun unen-unen menika!

a. Dadia banyu emoh nyawuk, dadia godhong emoh nyuwèk.

b. Ajining awak dumunung saka tumindak.

c. Becik ketitik ala ketara.

5. Kadamelna serat iber-iber kanthi jangkep ingkang suraosipun nyuwun idin dhumateng bapak /ibu guru mboten saget mlebet sekolah amargi nembe sakit!

***Sugeng makarya)***

Share this article :

Posting Komentar

Komentar Terkini

peluang usaha
 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Ruang Belajar Bersama - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger